Katresnan

Senajan aku bisa caturan nganggo sakèhé basané manungsa, malah nganggo basané malaékat pisan, nanging yèn aku ora duwé katresnan, caturanku mau ajiné ora ngluwihi gong sing mbrebegi kuping utawa uniné loncèng sing cumengklèng.

Senajan aku kaparingan wangsit saka Gusti Allah, utawa duwé kapinteran sing sampurna, lan ngerti marang sakèhé wewadi; utawa senajan aku duwé iman sing sentosa nganti bisa ngingser gunung, nanging yèn aku ora duwé katresnan, aku ora ana gunané babar-pisan.

Senajan barang-darbèkku kabèh dakdanakaké, malah senajan aku rila awakku diobong, nanging yèn aku ora duwé katresnan, kabèh mau tanpa guna kanggoné aku.

Katresnan kuwi sabar lan seneng nandukaké kabecikan; katresnan kuwi ora kumèrèn, ora ngapikaké awaké dhéwé lan ora kumenthus.

Katresnan kuwi ora kurang ajar, lan ora golèk menangé dhéwé; ora gampang kecenthok lan ora ngendhem keluputané wong liya ing atiné.

Katresnan kuwi ora seneng marang piala, nanging seneng marang kabecikan.

Katresnan kuwi ora tau nyemplahaké lan precaya marang kabecikan, pengarep-arepé lan kesabarané ora ana pedhoté.

Katresnan kuwi ora ana watesé. Wangsit-wangsit mono mung kanggo sawetara mangsa. Caturan nganggo basa roh kuwi bakal sirep, lan kawruh uga bakal sirna.

Awit kawruh lan wangsit sing kaparingaké marang kita mau uga durung sampurna.

Nanging yèn sing sampurna wis teka, sing ora sampurna bakal sirna.

Nalika aku isih bocah, caturanku, pangrasaku lan patrapku mikir kaya bocah. Nanging saiki, sawisé aku diwasa, kaananku nalika isih bocah mau dakbuwang kabèh.

Mengkono uga sing kita deleng saiki iki kaya déné gambar bureng sing ana ing pengilon. Nanging mbésuk kita bakal padha ndeleng adu arep. Apa sing kita sumurupi saiki, iki mung sapérangan; nanging mbésuk kita bakal sumurup kanthi sampurna, kaya déné sampurnané pamirsané Gusti Allah marang awakku.

Cekaké telung prekara iki sing prelu, yakuwi precaya, pengarep-arep lan katresnan; nanging sing penting dhéwé ing antarané telu kuwi: katresnan.  

1 kor 13